Sabtu, 08 September 2012

Wirama Tresno


mbokmanawa sliramu gelem ngerti, nimas
ana landhep kapang kang bareng turuhing cahya rembulan
nedya lelangen marang wening sendhang ing dhadhamu
ngedum rerumpakan kaendahaning wirama tresna
kekanthen njlajah wewengkon birahi nganti gisiking wengi

nimas, nyata aku wus kegiwang mring lanciping kasamaran
wuru mring lintang kang manjing ing saripatining netramu
coba rungokna kumlesiking dhadha iki wis kekebakan manis
kaselak necep wewironing kanikmatan kang selot ngeglo
tinata cekli sauruting atimu sing winungkus meloking kluwung

nimas,
nanging kenapa sliramu tansah sesingidan ing walik sepi
nlusup ing barisaning alang-alang kang selot kentekan mangsa
ninggalake aku kijenan ing pinggiring impen-impen wengi
sing amung rinengga tetes bun kang nelesi ros-rosaning suket teki

mara gage, tumuruna nimas
mumpung rembulan durung kadohan anggone oncat
mumpung lintang isih sanggem nembangake roncen pemarem
lan tresna durung kebacut kepangan lamising jaman

Dalan Ombak


Wus dakjaluk marang sliramu, tatkalane wektu isih watu

lan dalan kaya ombak segara, nanging penjalukku

kaya prenjak kang katombak swiwine, ilang unine

kaya lemah cengkar kang tawar, ilang sangar

sliramu uga isih lumaku ing gisik kang wus dadi ambalan

ngambali ati ing pangilon, ngambali pitakon

lan penjalukku, kanthi unthuk-unthuk kang sirna

tatkalane surya mencorong, pratanda dina wus rina

Tanda Katresnanku


Wiwit kok tulisake tresna iku.

Manuk-manuk kepodang padha geguyonan

Ing pang-pang godhonge waru.

Ijo enom lelagone langit biru.

Srengenge isuk kang mlethek ing ati sumunar.

Martakake dhina bakal ora kamendungan…


Wiwit kok kandhak’ake tresna iku.

Liwat kali dhak kintirake prau godhong pring.

Amrih bisa lelayaran aneng segaranining atimu…

Apepayon langit ing pucuking alun.

Banjur dak tunggu tekane nggawa warta.


Wiwit kok kidhungake tresna iku….

Apa aku kudu lumaku sadhuwure angin lan segara.

Njupuk kembang srengenge kang mlethek.

Banjur dak slempitake ing kupingmu.

Kareben nambahi brantaning ati….


Sanjerone ati iki,Yayi…

Ana panandhang,kirane mung kowe kang bisa mangerteni.

Liwat getering angin kang sumilir.

Sadawaning laku lan sepi tak ceritakake.

Yen ta…samengko bakal NYAWIJI….